Cari Berita/Artikel :

CARA NGGOLETI BOJO SING ILANG

CARA NGGOLETI BOJO SING ILANG

WA KOSIM :" wa tulung bokat bojone enyong nggoleti, aja badekna ya ,enyong pang ngunpet neng umahe rika?

WA BONANG :" kenang apa ganing kayong wedi temen karo bojo ?


WA KOSIM :" bokat di cakar maning,


WA BONANG :" sich rika bar di cakar, 
rika ne bae sing royal ndeyan ,dumani apa sich bojone rika nyakar ?

WA KOSIM :" mau lagi enyong ngater bojo belanja maring jogya maal , bojo karo anake enyong ilang. Bojo karo anak tak goleti kosi muter-muter ping 7 ora ketemu-ketemu. yen enyong nyekel duit ka pang ketingalan pang belih ora mikiri, ya enyong kapiran pang balik ora bisa, pang ndayak ora wani. pang takon karo bagian informasi enyong isin kalah-kalahe enyong ndempes ngeteni neng parkiran, dari pada enyong ndempes dewekan enyong ndue ide, kebeneran ana bocah wadon ayu rok e sa nduwure dengkul lagi njagong dewekan neng pos satpam, enyong mbatin " lhaa kiye cara alternatif goleti bojo, biasane bojo yen enyong lagi ngobrol karo bocah wadon ayu ujug-ujug nongol mbuh sing endi enyong ora ngerti, coba aahhhhhhh.
.
ngadel wa pas nembe ngobrol sadelat karo bocah wadon jebule ,,, glatuuuuukkkkk,,,, grawuuuuuukkkkkk,,,,,, sing mburi bojone enyong teka enyong di platok karo dicakar wa !!!!


WA BONANG :" eeeeehhhhh puas temen. rika bae makha-makha, wis ngerti bojone rika bangkrengan rika ne tengkula marek-marek bocah wadon ayu. puas ladas ora melas



Penulis : 
Nanang Al-qos Mitratani