Cari Berita/Artikel :

ORA PENGIN RIYA

ORA PENGIN RIYA

WA KOSIM :" ngelakoni ibadah sing apik aja kanda-kanda ya wa ?

WA BONANG :" 000000 iya, yen kanda-kanda ndadekna riya. 
yen wis riya ndadekna ganjarane ilang.

WA KOSIM :" tapi wingi enyong ngelakoni ibadah ora kanda bojo ora kanda mertua malah dadi salah wa. enyong di dusir sing umahe mertua. enyong di gamprat karo bojo.

WA BONANG :" donge ka yen ana anak mantu pang ngibadah, mertua karo bojo malah ndukung. aja ngusir aja ngromnyah.

WA KOSIM :" mbuh enyong dewek be eram nemen karo bojone karo mertua.
maksude enyong ngelakoni ibadah ora kanda bojo ora kanda mertua eben aja ndadekna riya. enyong ngelakoni ibadah ikhlas lilahitaala,ora kepengin riya. tapi nyatane malah dadi awal sebuah petaka.

WA BONANG :" rika donge ibadah apa sich kosi bojo karo mertuane rika mamprang-mamprang ?

WA KOSIM :" asline enyong ora pengin kanda karo rika, watir bokat riya, tapi sehubungan rika takon ya tak jawab. jawane enyong lagi ngelakoni ibadah sunah,

WA BONANG :" ibadah sunah apa sich ?

WA KOSIM :" jawane enyong mbojo maning karo randa wa 

WA BONANG :" astaghfirullah hal adzim,,,,,,,
rika dasare ora mikir nemen suung
rika uripe be poyang-paying.
manggon be esih melu nyrumpel neng mertua.
bojo be sering pakani sega gaking
plaur-plaure mbojo maning.

WA KOSIM :" jare mbojo ibadah wa, dadi enyong pengin ngakehi ibadah jawane wa,,

WA BONANG :" eeemmmmm brengkalong toli wis rika lhaaaa

WA KOSIM :" (mlinciiiiiing)