Cari Berita/Artikel :

LUWIH ISTIMEWA KARO DUNIA SEISINE

LUWIH ISTIMEWA KARO DUNIA SEISINE

WA KOSIM :" wa tulung mengko jumat esuk bar subuh rika melu ngelamar ya ?

WA BONANG :" sapa sing pang ngelamar ?

WA KOSIM :" enyong

WA BONANG :" rika payu ?????? olih wong endi ?

WA KOSIM :" ya payu lhaaa. olih anake ustzad marzuki

WA BONANG :" rika bocah mblatang luruhe anake ustad pentolan nemen. wis kaya kue rika kere maning, bakal ustade olih anake karo rika.

WA KOSIM :" nyatane be olih.

WA BONANG :" hebaaat aaahhh, mesti rika nganggo kemat keeehh

WA KOSIM :" ora usah kemat-kematan

( pas hari H/jumat esuk bar subuh rombongane wa kosim wis teka neng empera ustad marzuki.
tapi sing kanggo anehe jare wa bonang bisane wa kosim pang ngelamar ora gawa apa-apa, gawane mung onde-onde rong iji karo gedang kapasan sa glinding tok aliase mung gawa kont*l (sensor) tok)

WA BONANG :" wa rika waras belih ,ganing pang ngelamar ora gawa apa-apa.rika kan ngerti ustad marjuki wonge sugih , wonge materialistis , wong pinter ahli kitab ahli hadist.
rika wong mlarat teka mono bakale di dusir lhaaa

WA KOSIM :" wis gen kalem

WA BONANG :" kalem-kalem. ngerti kaya kiye enyong ora pang melu suuung.

WA BONANG :" assalamualaikuuuuuum,,,,,,,(tok,,,tok,,,tok,,,,)
assalamualaikuuuuuum,,,,,,,(tok,,,tok,,,tok,,,,)
assalamualaikuuuuuum,,,,,,,(tok,,,tok,,,tok,,,,)

USTAD MARJUKI :" walaikumsalam,,,,eehhhh wonten tamu,, monggo mlebet

WA BONANG :" gih matur suwun pak ustad

USTAD MARJUKI :" monggo pinarak. wonten nopo gih enjing-enjeng sanget ampun dugi mriki

WA BONANG :" agung pangpunten pak ustad,mboh bilih kulo nganggu pajenengan,
kulo sa rombongan dugi mriki mboten lintu pade sesambung silaturohmi kali keluarga mriki, 

USTAD MARJUKI :" maksude nopo gih?

WA BONANG :" rencange kulo sing namine wa kosim nggadahi kastresnan kali putrine panjenengan. kange bukti katresnane wa kosim kali putrine panjenengan wa kosim enjing niki bade ngelamar putrine panjenengan

USTAD MARJUKI :" ngelamarrrr. 

WA BONANG :" nggih

USTAD MARJUKI :" wahhh,,,,,waahhh, jenengan,,,,jenengan dugi mriki guyunan ya ?

WA BONANG :" mboten,,,,kulo mboten guyunan

USTAD MARJUKI :" nek mboten guyunan, biasane tiang lelamaran mbekto parsel, nopo mbekto gegawan, lhaaaaa jenengan dugi mriki mung wong loroan tok, mbektone mung awak abang tok. maksude nopo ??????
( matane ustade katon abang tandane mulai dugal)

WA BONANG :" duko masalah niku kulo mboten ngertos, cobi panjenengan tanglet langsung kali bakal mantune panjenengan.

USTAD MARJUKI :" eeeehhh sim rika aja sembarangan. laka barat laka angin ujug-ujug pang ngelamar anake enyong. anake enyong sing seneng pirang -pirang. ana polisi, ana juragan bawang, anake wong sugih kabeh sing marek mene. koen gambleg apa seneng anake enyong, pegaweane be mung klintang-klintong tok. kedar-kedor sarung. klumprak-klumpruk neng langgar tok.

WA KOSIM :" gih leres sanget nopo sing di sanjangna pajenengan kali pribadine kulo. kulo tiang mlarat. kulo tiang penganguran. kulo mboten ngadahi keistimewaan nopo-nopo. kulo bade tanglet kali panjenengan, ne panjenengan saged njawabi kulo sungkem kali panjenengan, ne panjenengan saged njawabi kulo ajungi jempol sekawan kali panjenengan.

USTAD MARJUKI :"pang takon apa rika ? masalah hukum ? masalah dunya ? insya allah ora pang kewirangan rika ,takon neng enyong.

WA KOSIM :" estuuuu!!!!!

USTAD MARJUKI :" nyjajal pang takon apa ?

WA KOSIM :" Rasulullah Shallallahu 'Alaihi Wasallam pernah kesiangan melaksanakan shalat Shubuh dalam satu perjalanan. Beliau bangun saat matahari sudah terbit. Kemudian beliau menyuruh Bilal untuk mengumandangkan adzan. Lalu beliau wudhu dan shalat fajar dua rakaat yang diikuti oleh para sahabat. Kemudian beliau menyuruh Bilal mengumandangkan iqamah dan beliau shalat Shubuh bersama mereka.” (HR. Abu Dawud dan dishahihkan Syaikh Al-Albani)
artine hadis kiye apa pak ustad ?
رَكْعَتَا اَلْفَجْرِ خَيْرٌ مِنْ اَلدُّنْيَا وَمَا فِيهَا


USTAD MARJUKI :" haaahahaaaaa rika ngetes enyong ya ???? masalah tafsir qur`an atau hadis enyong bidange.

WA KOSIM :" panjenengan percados gih kali hadis wau.

USTAD MARJUKI :" ya percaya nemen

WA KOSIM :" artosipun hadis niki nopo pak ustad رَكْعَتَا اَلْفَجْرِ خَيْرٌ مِنْ اَلدُّنْيَا وَمَا فِيهَا

USTAD MARJUKI :" رَكْعَتَا اَلْفَجْرِ خَيْرٌ مِنْ اَلدُّنْيَا وَمَا فِيهَا
artine :
“Dua rakaat fajar itu lebih baik daripada dunia dan seisinya.” (HR. Muslim)

WA KOSIM :" estu pak ustad artine niku ?

USTAD MARJUKI :" iyaaaa ,,,,ehhhh rika ka ora ngandel,,,

WA KOSIM :" enggih kulo percados, malah jenengan sing mboten percados kali hadis wau.

USTAD MARJUKI :" maksude ???????

WA KOSIM :" jarene artine :
“Dua rakaat fajar itu lebih baik daripada dunia dan seisinya.” (HR. Muslim).
panjenengan kan ngertos ne kulo sregep sholat subuh, sak derenge panjenengan dugi teng mushola bade ngimami sholat subuh panjenengan mesti mirengi kolu lagi sholat sunah. berarti kulo kali panjenengan asline sugi kulo.

WA BONANG :" wa,,,,wa,,,,aja tutugna omongane kiye kajine pingsan !!!!
( krungu wa kosim jelasna keistemawaan sholat fajar ustad marzuki kewirangan sampe-sampe semaput tur pingsan)


Penulis : 
Nanang Al-qos Mitratani